Bagussas

Ilmu tanpa akal, ibarat bangunan tanpa pondasi.

  • Berkat

    Minggu, 23 Oktober 2016

    Kawruh Basa Jawa

    Tembung Lingga
    Tembung kang durung owah saka asale diarani tembung lingga.
    Tuladhane: basa, dolan, dunung, gambar, jupuk, lunga, omah, pangan, pinter sinau, tulis, waca lan sapanunggalane.

    Tembung Andahan
    Tembung kang wis owah saka asale diarani tembung andhahan. Owahe tembung mau bisa amarga warna-warna sebab, kayata oleh ater-ater, seselan, panambang, utawa bisa uga amarga dirangkep. Tuladhane: digawa, kajupuk, tinulis, jumangkah, bola-bali, ginambar, disinau, diwaca, padunungane, basane, omahe lan sapaunggalane.

    Ater-Ater
    Wuwuhan kang manggon ana ing sangarepe tembung diarani ater-ater. Ater-ater ana telu, yaiku:

    1. Ater-ater anuswara: ny, m, ng, n
    Tuladhane:
    ny     +       sapu           =       nyapu
    m      +       pangan       =       mangan
    n       +       tulis            =       nulis
    ng     +       gambar       =       nggambar

    2. Ater-ater tripurusa: dak (tak), ko (kok), di
    Tuladhane:
    dak   +       gawa           =       dakgawa
    ko     +       tulis            =       koktulis
    di      +       jupuk         =       dijupuk

    3. Ater-ater liyane: sa, pa, pi, pra, tar, ka, ke, ma, kuma, kami, kapi, swa, lan sapanunggalane.
    Tuladhane: saomah, panulis, pitutur, tarbuka, kamigilan, kumawani, lan sapanunggalane.

    Seselan
    Wuwuhan kang manggon ana ing tengahing tembung diarani seselan. Seselan ana papat, yaiku: er, el, um, lan in.

    Gatekna tembung kang oleh seselan iki!
        kelip           +       er      =       kerelip
        kumpruk    +       el       =       kelumpruk
        sandhing    +       um    =       sumandhing
        jaga            +       in      =       jinaga

    Tembung EntarTembung sing nduwe teges ora sabenere diarani tembung entar. Tembung entar uga diarani tembung silihan. Yen ana basa Indonesia diarani kiasan.
    Tuladha tembung entar:
        gedhe endhase    = tegese angkuh, gumedhe
        jembar segarane  = tegese sugih pangapura
        adus kringet        = tegese tandang gawe abot
        dawa tangane      = tegese seneng njupuk barange liyan (clemer)
        udan tangis         = tegese akeh wong kang nangis.

    Tembung Saroja
    Tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake diarani tembung saroja.
    Tuladhane:
    • sanak sedulur
    • sayuk rukun
    • mula buka
    • edi peni
    • solah bawa
    • gepok senggol

    Paribasan
    Tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan.
    Tuladhane:
    Ana catur mungkur, maknane ora gelem melu urusane liyan
    Becik ketitik, ala ketara, maknane sing becik lan sing ala padha-padha bakal kaweruhan
    Tulung menthung, maknane katone tetulung nanging gawe rekasane kang ditulungi
    Wiwit kuncung nganti gelung, maknane wiwit bocah nganti tuwa

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

    Intermeso

    Formulir Kontak

    Nama

    Email *

    Pesan *