NB: Cerkak kepedekan dari cerita cekak, dalam bahasa indonesianya cerita pendek disingkat cerpen.
Lakune cepet, kaya-kaya ana wong kang ngetutake ning mburine. Nurul
saya banter anggone mlaku, sawise delok jam tanganne. Sawise metu saka
gang Karangsari, dheweke banjur nyegat angkot ing ratan, nanging dalan
katon sepi, ora ana angkot sliweran. Kamangka dheweke kudu wis tekan
Semarang jam 9 esuk. Ora kena ora, esuk iki dheweke kudu tekan kana.
Dina iki kalebu dina kang penting kanggone Nurul. Uripe bakal owah yen
dheweke lolos casting. Kabeh dhuwit saka celengane mas Anggoro wis
dienggo kanggo nggayuh kekarepane dheweke dadi model. Mula dheweke kudu
bisa nyenengake atine kangmase. Mung modal fisik karo ketrampilane
ndesain pakaian iki sing bisa dienggo nyaur apa sing wis diwenehake
kangmase.
Pasuryane sing ayu, irunge sing bangir, rambute sing ireng ngombak
kuwi modale Nurul Santi kanggo golek dhuwit. Dhuwure yen 160 cm ya ana.
Celana jeans Logo, tangtop ireng lan jaket kulit warna coklat kuwi
serasi karo awake sing kuru. Sepatu jinjit Nevada dhuwure 7 cm, nanging
lakune ora sempoyongan, tegese wis biasa nganggo sepatu jinjit. Mlaku
nyedhaki pangkalan ojek.
“ Kang, ojek kang… terminal Gondang pira?”
“Seketewu wae kanggo mbake sing ayu.”
“Halah kang, kok larang temen? Lha mbok telungpuluh wae, gelem ya kang?”
“waladalah… mbake ayu-ayu dhuwite ora metu, ya wis lah kanggo penglaris.”
“Iya kang, iki lagi usaha arep melu casting nyang Semarang, sokur-sokur dipilih kang, wis njajal rana rene, durung kasil.”
“Ya wis mbake, aja nyerah, urip ning jaman saiki pancen susah yen ora
duwe dhuwit, lha wong para pejabat sing wis sugih dhuwit wae, isih
butuh dhuwit alias korupsi.”
“Lha iya kang, bener kandamu, nanging aku arep golek dhuwit saka
kringetku dhewe, ora arep kaya pejabat-pejabat kae. Ya wis kang yo ndang
mangkat, aku mundhak telat.”
“Lha ayo, mangga… pinarak!”
Senin 25 November 2013 iki, dheweke arep casting ning salah siji agen penyalur bakat ana ing kutha Semarang. Panggonane casting ana
ning DP mall Semarang. audisine bakal diwiwiti jam 9 esuk kuwi. Saka
desane Ringinarum, Nurul sidane ngojek tekan terminal Gondang. Banjur
numpak bis jurusan Gondang-Semarang. kira-kira 2 jam perjalanan. Ning
jero bis, Nurul njagong ning kursi nomer 3 saka ngarep, sebelahe ana
bocah lanang, kira-kira umure selikuran. Saka jas almamatere bisa dititik yen kuwi mahasiswa Undip.
“Duh…, bisa telat iki, lha wong wis jam setengah wolu. Apa maneh aku
rung pamitan karo mas Anggoro. Tak telpon dhisik wis, mumpung kelingan,
mengko mas Anggoro mundhak nggoleki.” Batine Nurul.
Dheweke dumadakan ngrogoh tas golek hape Samsung Champme warna putih, banjur telpon mas Anggoro.
“Tut…. tut… tut…”
“Halo.. asalamu’alaikum”
“Wa’alaikum salam”
“Piye dhik?”
“Mas, aku wis tekan terminal Gondang, mung arep pamitan, aku njaluk dongane ya mas.”
“Owh… ya, tak dongake dhik, lha banjur mangkat karo sapa?
“Mangkat dhewe mas.”
“Ya ngapurane dhik, mas ora bisa ngeterake. Ngerti dhewe to kahananne?”
“Iya mas, adhik ngerti kok, mula ora njaluk tulung mas Anggoro.”
Ya wis dhik, ati-ati ya, wis tekan semene wae tilpone, mas lagi mulang.”
“Iya mas, matur nuwun dongane, wasalamu’alaikum…”
“ Wa’alaikum salam…”
Atine wis rada lega, amarga wis entuk donga lan ijin saka kangmase.
Mas Anggoro mung guru GTT ning SD N 1 Ringinarum awit tahun 2011,
bayarane ya ora maton. Paling akeh mung 500 ewu. Kang mase yaiku mas
Anggoro, sayang banget karo Nurul. Amarga Nurul iku adhi siji-sijine
sing dheweke duweni. Bapak lan Ibune wis ora ana. Njur Anggoro lan Nurul
urip dhewe merga ora nduwe sedulur liya. Anggoro sekolahe pinter, mula
ora tau mbayar sekolah. Awit SD entuk beasiswa nganti kuliyah. Adhine
Nurul, bocah sing ora patia pinter, nanging yen kon ndesain pakaian
utawa megal megol ning red karpet jagone. Senajan dhuwit kanggo
mangan saben dina mung pas-pasan, kabeh kepinginane Nurul dituruti.
Kayata, nalika lulus SMP, Nurul kepengin nerusake ning SMK, kuwi ya
keturutan. Kepengen hape samsung champ ya dituruti. Lha saiki kepengen
dadi model terkenal. Nyatane ya di turuti. Saben dina nyelengi dhuwit
kanggo adhine supaya tujuane Nurul kuwi dadi model bisa kagayuh.
Ning jero bis Nurul krasa panas, ndadekake Nurul ngantuk, banjur
keturu. Wis ana rong jaman bis kuwi banjur tekan simpang lima semarang,
kenek bis kuwi wis nyuwara banter.
“ Simpang lima… simpang lima… simpang lima…”
Penumpang liyane wis padha mudhun, mung tinggal wong papat. Sing siji
cah lanang ing jas almamateran kuwi lan ibu-ibu ana jejere. Bis kuwi
banjur mlaku bablas ning arah Ungaran arep menyang terminal Secang. Cah
lanang mau kuwi banjur wis mudhun ning Daerah Ungaran, terus ibu-ibu mau
mudhun terminal Secang. Tinggal Nurul ijen, banjur keneke njawil
dheweke.
“Mbak.. mbak.. mbak.. tangi mbak, sampeyan arep nyang ndi?” pitakone kenek kuwi.
Nurul tangi saka turune, banjur takon kenek kuwi
“ Mas.. lha iki ana ngendi?”
“Iki aneng terminal Secang mbak. Lha mbake arep nyang ndi?”
“Aku arep nyang Semarang mas, simpang lima.”
“Walah mbak… lha iya wis kliwat awit mau.”
“Lha mase ora ngomong.”
“Mbak… mbak, aku iki mau wis bengak bengok, jurusan simpang lima,
sing pada turu ya wis padha tangi lan medhun, tak kira mbake arep nyang
ndi ngono.”
“Waduh.. njur aku nyasar ki mas?”
“Lha iya mbuh.”
“Trus piye iki?” batine Nurul.
“Wis mbak, mudhun, bis iki bakal nyang Solo dadi ya ora mungkin kon
ngeterke sampeyan ijen, puter balik. Apike mbake pindak bis sing jurusan
Semarang kana.” Kandane kenek kuwi.
“Ya wis mas, matur nuwun ya”
Nurul medhun saka bis kuwi, banjur njagong ana kursi terminal. Wis jam setengah sepuluh awan. Wis telat anggone melu casting.
Dheweke mung cilang cileng kaya wong ilang. Sajane bisa langsung numpak
bis balik omah, nanging dhuwite sing ora ana. Saka adohan, katon ana
wong lanang mlaku nyedaki dheweke, panganggone kaos cekak warna ireng,
celanane jeans pensil melu njagong ana sacedhake Nurul. Nurul banjur
ditakoni karo wong kuwi mau.
“Mbake arep nyang ndi? Kok katon bingung?”
“Aku arep nyang Gondang kang, lha sampeyan arep nyang ndi?”
“ Ya wis mbak, melu aku wae. aku ya arep nyang Gondang.”
“Lha… tenane kang?”
“Lha iya tenan mbak, mengko sampeyan arep mudhun ning ndi? Tak terke tekan panggonanne. Penak to?”
“Walah.. sampeyan kok apikan temen kang. Matur nuwun ya kang.”
“Iya… lha ayo mangga.”
“Oh iya kang, jenenge sampeyan sapa?”
“Sampeyan bisa ngundang aku Tono.” Semaure wong lanang iku.
Amarga pikirane lagi semrawut, Nurul ora mikir suwi, dheweke banjur
melu wong lanang mau numpak montor pick up putih. Anangging, ora menyang
arah Gondang, montor kuwi malah nuju arah liya. Montor kuwi banjur
mandeg ing tengah dalan sepi.
“Lho… kang kok mandheg?”
Tono mung meneng wae. Ora let suwe, Tono mulai grayangan marang
Nurul. Pupune Nurul dielus-elus karo Tono, tanganne sing siji
ngemek-emek tangane Nurul banjur Nurul disikep.
“Kang… arep ngapa? Culke kang… ah.. kang… culke aku!” karo nyoba
ngeculke awake dheweke saka sikepane Tono kuwi, tapi lawang montore
kekunci tegese si Nurul ora bisa metu saka montor.
“Alah… mbak ora usah etok-etok ora gelem” meksa nyopot jakete Nurul.
Nurul mbengok njaluk tulung. Dumadakan kaca montor sisih tengen
dipecah karo wong lanang kira-kira umure 30 tahun. Tono sing lagi
tumindak ala marang Nurul mau dicengkiwing karo wong lanang sing mecah
kaca montor mau. Banjur wong sakloron padha gelut. Nurul banjur metu
saka montor lan ngadoh saka wong loro kuwi. Saka mburi ana mbak-mbak
nepuk pundake Nurul.
“Mbak.. mbak… wis mbak, ayo gage mlebu montorku!”
“Panjenengan sinten?” Nurul katon isih keweden.
“Wis ora apa-apa, aku wong apik-apik kok, ora bakal nyilakani
sampeyan. Kae sing nulungi sampeyan bojoku.” Mbak ayu kuwi nganggo
jilbab lan long dress warna biru, montore Daihatsu ireng.
“Matur nuwun mbak, kula ora bisa ngomong apa-apa.”
“Wis ora apa-apa, aku ngerti, sampeyan isih kaget lan wedi, lha sampeyan saka endi lan arep nyang ndi?”
“Kula saking Desa Ringinarum kecamatan Gondang badhe ten Semarang,
badhe nderek casting dados model, nanging kula malah nyasar mbak, lha
nika nawani kula, merga kula bingung, kula nderek mawon.”
“Sampeyan ora apa-apa to?”
“Nggih.”
Bojone mbak ayu kuwi wis rampung anggone ngebuki Tono, banjur mlebu montor.
“Mbake ora kenapa-kenapa to dhik?”
“Iya mas, wis ayo diterke bali wae mbake misakke.”
“Iya wis, ayo dhik.”
Ning jero montor mbak ayu kuwi cerita yen dheweke Ratna lan bojone
Adi lagi arep nyang Solo, arep teka ing acara peragaan busana. weruh ana
montor pick up mandheg lan ana wong wadon bengok-bengok njaluk tulung.
Banjur ditulung. Mbak Ratna kuwi desainer, dene bojone mas Adi kerja
kantor. Awit saka kuwi Nurul diwenehi lapangan kerja saka mbak Ratna
kanggo dadi model saka pakaian sing didesain dheweke. Apa sing
dikarepake Nurul saiki keturutan. Srengenge sing arep digayuh saiki wis
ana ing tangane.
Oleh: Muta Allimah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar